Translate

Jumat, 03 April 2020

Jaman apa kiye ?

Mekkah  ora ana wong umrohe
Pesantren ora ana santrine
Kyai ora ana umate
Masjid ora ana jamaahe
Sekolahan ora ana Guru & muride
Pasar & toko ora ana wong tukune
Perguruan tinggi ora ana Dosen & mahasiswane
Tempat wisata ora ana pengunjunge
Tranportasi ora ana Penumpange
Dalan2 ora ana wong liwate
Kantor2 ora ana Pegawene
Bakul2 ora nyanding dagangane
Sing esih laris pulsane
Pulsa listrik lan internete
Sebab pada kerja on line
Kang umah bae
Uga kuliah lan sekolahe
Ngasi dompet2 uga ora ana isine
Sing salah korona apa wonge
Sing penting esih merek maring Pangerane
Ya kuwe Alloh swt sing jelas mulyane
Nyuwun slamet dunya akhirate
Tekan anak,putu, lan kabeh keturunane
Senajan ora ulih jatah kompensasine
Pemrentah wis nglakoni tanggungjawabe

Tidak ada komentar: